Monthly Archives: July 2011

Sedherek Tani Sata lan Pahargyan Kamardikan

Nyaketi tedhakipun pahargyan kamardikanipin bangsa Indonesia, lajeng kula kemutan sanak kadang ingkang wonten tanah Jawi. Kados ingkang sampun-sampun, wonten ing saklumahing bumi nuswantara sami ngawontenaken pahargyan kamardikan kanthi warni-warni cara milai saking lomba-lomba ugi pentas kesenian.  Benten kahanan menawi wonten ing dhusun kawula, Reco. Tedhakipun pahargyan kamardikan nyarengi sedherek tani sami panen sata, dados gregeting pahargyan wau kados kesirep kaliyan sakdengah tumindak pangolahing sata.

Gerbang Memasuki Kabupaten Wonosobo

Ngancik wulan Agustus, sedherek tani langkung nyrempeng anggenipun panen sata. Kathahing padamelan ngolah sata wau, mboten saget dipun tangani mligi kaliyan para sanak kadang. Mila saking menika biasanipun sami ndatengaken para rewang saking dhusun-dhusun sanes ing sak ubenging redi Sindara lan Sumbing. Menawi dipun cacah, para rewang menika kathahipun saget tikel tiga kaliyan warga ingkang asli. Kangge tuladha, tiyang tani alit kados dene keluwarga kula ingkang nggadahi tanduran sata mboten langkung saking kalih dasa ewu wit, saget ndugekakan para rewang dumugi sedasa. Ewadene cacahipun anggota keluwarga kula namung wolu. Kangge sedherek tani ingkang ageng, saget ndugekaken rewang ngantos eketan.

Rejanipun sedherek tani wau mbok menawi saget ical umpami pangwasaning praja siyos ngedalaken aturan kangge mbatesi taneman lan  pigunanipun sata. Mboten namung rejanipun, nanging kathah tiyang badhe kecalan pandamelan. Umpami siyos mekaten, napa tegesipun kamardikan?

Dasaripun pangwasa praja kangge ngedalaken aturan wau inggih menika alasan kesehatan. Mboten lepat kesehatanipun warga dipun gratosaken dumateng pangwasa praja, ananging nopo leres menawi saking aturan wau malah handadosaken pawa warga mlarat amargi kecalan penghasilan? Mireng kabar angin, bilih aturan menika estunipun namung pesenan saking manca negara. Sata inggkang saking manca kala wau nggadahi kandungan tar lan nikotin ingkang langkung andhap saking sata saking Indonesia. Terang mawon bilih aturan menika sampun diketok, namung rokok saking manca mawon ingkang saget dipun sade wonten ing Indonesia.

Kanca nem-neman ingkang wonten pawiyatan inggil wonten ingkang perduli kaliyan babagan nasib sedherek tani sata, kagabung wonten ing SMUTI (Solidaritas Mahasiswa Untuk Tembakau Indonesia). Sanajan ta cacahipun namung sekedik, gregetipun saget mbangun kesadaran para sedherek tani kangge gandheng-gumandheng ngraketaken pasedherekan amrih lestantunipun para tani.

Kadhosipun kanca nem-neman wau lan sedherek tani sami cancut taliwandha badhe nolak aturan bab sata wau. Pangwasaning praja kedahipun langkung tanggap dumateng masalah menika, sampun ngantos aturan pembatesan sata dipun ketok menawi sedherek tani dereng siap mbudi daya taneman sanesipun kangge gantos sata. Umpami pangwasaning praja sampun nglampahaken warni-warni kebijakan kangge perobahan tetanen wau, saget aturanipun dipun lampahaken. Nanging sepindah malih, napa menkia tegesipun kamardikan? Bilih bangsa Indonesia estunipun taksih diatur kaliyan bangsa sanes.

Tumrapipun sedherek tani lan nem-neman wonten ing pawiyatan inggil, sampun ngantos perjuwanganipun diregedi kaliyan tumindak ingkang asor, ingkang ngedhengaken okol lan kekerasan. Langkung prayogi menawi kesiapan mental ingkang dipun utamakaken. Mbudi daya taneman menapa kemawon mboten saget sae menawi mentalipun asor. Kados dene nyampur sata lokal kaliyan sata saking daerah sanes, ugi nyampur sata lawas kaliyan sata enggal. Kejawi saking menika sedherek tani mboten saget piyambakan ngadepi para pengusaha ingkang sawiyah paring regi sata. Sampun wayahipun sedherek tani ndamel paguyuban kados koperasi ingkang saget nampung sakdengah masalah bab tetanen.

Namung tiyang ingkang gadah mental tatag lan landep anggenipun ngadepi perobahan kemawon ingkang saget lestantun. Mboten perlu mbrekengkeng kedah nanem sata, nanem menapa kemawon saget nyekapi kanthi landhesan mental ingkang unggul. Mental ingkang unggul menika mboten namung saget maos mangsa nanging ugi kahanan politik, kabetahan lan panyuwunipun saking pasar, peluwang kerjasama saking pamrentah lang pengusaha  ugi purun sayuk rukun ndamel paguyuban. Mboten mbudi penakipun piyambak.

Perjuwangan ingkang saestu inggih punika mbebasaken mental kolot lan manja, srakah lan pados penakipun piyambak. Sampun mboten jamane sedherek tani ngolah tetanen piyambak, kedah mawi paguyuban supados saget ngimbangi panyuwunipun pasar lan regi ingkang kangge dolanan tengkulak. Sedherek tani ugi mboten sah ngarep-arep ingkang langkung dumateng pangwasaning praja, kedah madiri.  Bilih mentalipun sedherek tani sampun dipun kamardikaaken, kawula pitados gesangipun badhe langkung sae lan lestantun. Sainggo pahargyan kamardikanipun bangsa Indonesia mboten namung lomba lan pentas seni kemawon nanging ugi pahargyan tumrap kamardikanipun mental.

Sumangga kita sami tumungkul, nyebat asmanipun ingkang paring gesang kanthi kapitadosan kamardikanipun mental sedherek tani lan lestantunipun bangsa Indonesia. Rahayu.

Ngeblog ing Bumi Kalimantan

Wayah bengi, bingung meh nulis apa. Jengkel karepe dewe, kakehan pikiran ning ora ana sing bisa dak tulis. Umpama aku wis nyiapna topik, nanging bar dak rasa-rasakke kok ora pantes ditulis, apa durung wayahe ditulis. Akehing pikir mau umpama ora dak tok’ke bisa handadekake pikiran kenceng, suwe-suwe isa gendheng.

Sakjane niate nulis ijek dhuwur, nanging jaringan internete kendo kenceng. Meh mbuka dasboard wordpress wae nunggu sak ududan nembe kebuka. Mosok nek meh upload ndadak ning kota sing jarake sak jam seka kene? Ora lucu.  Piye carane ning mes bisa internetan. Aku banjur tuku modem gsm, menyang kota. Sekalian aku tuku rong kertu sing bedo provider. Sak wise dak jajal, jebule sambungane ora patek lancar, sering pedot-pedot merga sinyale munggah mudhun.

Minggu ngareppe maneh, aku menyang kota nggolek antena nggo penguat sinyal. Mbarang wis tekan ngomah meh pasang antena bingung, amarga ora duwe obeng. Karo kanca kerjaku sing uga seko UKSW jenenge Yondie, aku dinyek “masang ngono wae ra isa”. Aku banjur nggolek akal, skrupe isa dak pasang, dak puntir nganggo garan sendok, kambi wangsulan “UKSW pora? Jarene creative minority”. Kancaku banjur ngekek karepe dewe.

Rampung ngrakit antena, aku durung bisa masang amarga wayahe wis bengi, sesuk esok aku kudu kerjo, banjur aku turu. Tetep wae keleng-keleng ora bisa turu mikirake antenane sesok masange nganggo apa?  Asem tenan.

Kaya biasane, aku tangi turu wis cumawis sarapan ning meja. Aku ora patek kaget karo masakane, amarga sing masak uga wong seko tanah Jawa.  Sak bare adus, sinambi sarapan aku nonton spongbob. Sakjane aku ya wis kerep nonton, tapi aku ya ora bosen-bosen timbangane nonton brita isine mung crita bab polah tingkahe politisi,  jan mboseni tenan.

Jam 12 awan, ngaso kerja. Mangan maneh masakane simbok, ya ora enak banget kaya ning restoran ananging menune gonta-ganti, paling ora ana iwake, mbuh kuwi iwak banyu utawa iwak pitek. Aku dadi kelingan jaman cilik, karo simbahku. Umpomo aku mangan ya wis dijatah, nek entuk endog ya mung sak pethil, nek ana iwak ya ming sak suwir. Nang kene mangane kuwalik, segane sing nggo lawuh.

Bar mangan, ngopi karo ngudud. Entuk sak ududan, aku ngundang kancaku sing asale seka Flores sing kerja dadi sekuriti, jenenge Epifanus. Karepku mung meh njilih parange dekne, nggo ngethok pring ing sak mburi omah.  Karo dekne aku malah diewangi, dekne sing ngethokke pring nggo cagak antena.

Ora nganggo suwi, antenane wis ngadek. Bejo syukur sinyal bisa penuh sanajan ta mung gprs. Sak bare dak jajal kok yo lendet, ora papa alon-alon waton slamet. Pas banget wis jam 2, wayahe aku mbalik kantor. Penggaweyanku nang kantor ora dak critakke ing kene, sesuk maneh.

Nyambung crita bab pasang antena. Nalika ing kantor pikiranku ya ijek kemrungsung pingin gek ndak mbalik omah njajal modem anyar, internetan. Jam 4 aku mbradat numpak pit motor, ora ngantek 5 menit wis tekan omah maneh. Cepet-cepet aku mbukak laptop, njajal internetan. Jebule ijek lendet sanajan ta sinyal kebak. Asem tenan. Aku banjur njajal kertu sijine, tapi ya ora beda adoh kecepetane.

Nganti jam setengah 6 sore, ijek tetep lendet. Yo wislah dak tinggal adus, bar kuwi mangan maneh, nonton spongbob maneh. Pikiran isa kendo, ngekak-ngekek dewe.

Jam 10 bengi aku njajal maneh, wis rada lumayan, tinimbang mau awan. Iseng-iseng aku njajal nulis kanggo  posting perdana nganggo modemku. Ora kaya tulisanku sing uwis-uwis, tulisanku saiki nganggo basa jawa. Ora maksud kanggo pamer, nanging kanggo ngulinakake ketrampilan nulis lan ngomong jawa. Amarga ning tanah manca ora akeh wong sing bisa ngomong jawa. Kanggo para kanca-kaca bloger, umpama kangelan maca tulisanku kang nganggo basa jawa iki, sing gedhe pangapurane. Itung-itung sinau maca basa jawa.

Sak wetara ceritaku tekan kene ndisik. Mung welingku kanggo kanca-kanca bloger Salatiga, aja mandeg anggone nulis lan ngeblog. Apa maneh nduweni fasilitas komputer lan internet sing lancar, aku wae sing jaringan internete lendet semangatku nulis ijek tetep kenceng.

Ngono ndisik ya, salam seka bumi Kalimantan. Rahayu.