Sarungan

Para kesatria pandawa padha sarungan

Nalika jaman aku cilik, aku ditukokna sarung karo ibuku. Sarung batik Pekalongan, iku kangga cawisan yan tiba titi wancine tetakan manukku. Dadi sawetara wektu sarunge disimpen ning lemari. Nduweni sarung kuwi ana rasa mongkok ing ati, rasane ora kanthi selak pingin nganggo.

Sak bare tetakan manuk, aku banjur kulina nganggo sarung. Pancen nyata bener kepenak rasane, apa maneh sarunge batik. Jaman saiki langka wong padha sarungan batik , sing okeh-okeh padha nganggo sarung kang digawe nganggo mesin yaiku sarung kothak-kothak.

Nalika aku nulis iki uga lagi sarungan, sanajan ta dudu sarung batik kang kaya jaman cilik nanging rasane lega, isis tinimbang nganggo ageman saka manca. Sarung iku okeh banget pigunane, bisa dinggo bebetan, selimutan, bisa uga kanggo telesan nalika adus ning kali. Sarung kang padha bisa dienggo wong lanang uga wedok, tuwa uga enom. Malahan bocah cilik iya uga bisa nganggo yaiku dienggo gendhongan. Awak gedhe uga kuru bisa mlebu ning sarung, ora usah nganggo ukuran khusus.

Saiki jamane wis maju, wis langka wong padha nganggo sarung. Okehe padha ngangga ageman kang saka manca, kang werna-werna wujude, ukurane uga pigunane. Mula saka iku, saiki wong siji karo sijine bisa katitik saka agemane.

Umume wong sing seneng nganggo klambi ijo kumpul karo sing klambi ijo, semana uga sing seneng nganggo klambi abang uga kumpul kambi sing klambi abang lan sak piturute. Kang radha aneh, wong-wong mau umpawa padha kumpul padha ngrasani wong kang agemane beda. Rumangsane agemane dhewe kang paling resik lan paling apik.

Ora cukup semana, ing liya wektu wong-wong kuwi mau bisa padha gelut, bisa uga ngrusuhi wong liyane kang beda agemane. Perkarane sepele, yaiku rumangsane dheweke kang paling bener lan wong kang beda agemane kuwi ora bener. Wong kang kaya mengkono mau kuwi bisa diunekna wong kang keblinger, merga saka beda ageman wong siji kambi sijine bisa padha congkrah. Kamangka nalika lair iya padha uda, ora ana sijia kang padha anggo-anggon.

Apa padha waras? Dumeh wewadine wis padha tinutup ageman banjur padha tumindhak sak karepe dhewe. Rumangsane nganggo ageman kuwi ben bisa ndalan, eh malah dadi klunthangan. Karo wong sing agemane beda wae gelem tumindhak sawiyah, apa maneh karo wong kang ngliga.

Kumalungkung lan gumedhe, nganggo ageman terus rumangsa luwih unggul tinimbang liyan? Oh, manungsa-manungsa iki arep padha  menangi apa? Umpama padha ngligane apa ya ijeh padha demen sengit lan congkrah? Umpama kudu nganggo ageman ya nggolek kang dienggo kepenak lan marakke lega. Ora malah ndadekke sumpege awak uga liyan, mula saka iku amrih kepenake padha sarungan wae.

About Slamet Haryono

Hak cipta dilindungi oleh YANG MAHA PENCIPTA. Silahkan dibaca, mengutip sebagian atau keseluruhan dari setiap tulisan dalam blog ini untuk tujuan non komersial wajib menyertakan sumber dan nama penulis secara lengkap, serta digunakan dengan penuh tanggungjawab. Sedangkan untuk tujuan komersial silahkan hubungi saya melalui slamethdotkom@yahoo.com

Posted on March 17, 2013, in Bahasa Jawa, Javalosophy and tagged , , , . Bookmark the permalink. Leave a comment.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: