Ajiku Ajipasa
Niat Ingsun jabang bayi… Amatak aji, ajiku ajipasa
Pasa ya pasa, lakune laku biasa, tan kena ngayawara
Pasa ya pasa, cilik ing pamrih gedhe ing karya
Pasa ya pasa, landhep ing rasa, alus ing kandha
Pasa ya pasa, sedhela suwea tan winates mangsa
Pasa ya pasa, nglangkuni ingkang mlebet, ingguh punika ingkang medal jangga
Pasa ya pasa, langkung saking asesirik nanging kang prayoga
Pasa ya pasa, hambabar dharma, mepes ing karsa
Pasa ya pasa, luwih ngerteni sapadha manungsa
Pasa ya pasa, nyawiji kang Ma Cipta
Advertisement
Posted on August 1, 2011, in Bahasa Jawa and tagged Ajipasa, Doa Puasa, Puasa. Bookmark the permalink. Leave a Comment.



















Leave a Comment
Comments (0)